Assalamualaikum wr.wb
Saderengipun mangga kita sareng ngaturaken puji
pudyastuti dhumateng ngarsanipun Allah SWT. Amargi  kanthi linuberan rahmat, taufik soho hidayah
dateng kula lan panjenengan sedaya saged pinanggihan wonten wekdal ingkang sae
menika kagem mangeti dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 67.
Mugio tambahipun Rohmat lan salam bahagia Allah tetep dipun limpahaken dateng
junjungan kita Nabi Muhammad SAW, soho para ahli keluarga lan sahabatipun.
Para rawuh ingkang minulyo 
Menawi kita ngemut-ngemut sejarah Indonesia
sakderengipun mardika, meniko pinten-pinten taun dipun jajah dening bangsa
asing. Inggih meniko dipun jajah dening Portugis, Belanda lan Jepang ngantos
pinten-pinten taun Indonesia mboten gadah kabebasan. Sehinggo berkat sifat
Rohman Rohim Allah SWT ugi kanti semangat perjuanganipun para pahlawan lan
pejuang Indonesia ingkang gigih para pejuang saged ngalahaken poro kaum
penjajah sehinggo tanggal 17 Agustus 1945, bangsa Indonesia saged
memproklamasikan dinten kemardikan.
Kita sedaya sampun mangertosi menawi Nagari
Indonesia sampun nyandang kathah penghargaan utawi predikat tingkat
internasional. Ananging punapa saged Indonesia moncer kados sakmenika menawi
mboten wonten pahlawan bangsa wonten warsa 1945? Menawi kados menika kita kedah
introspeksi diri saha kedah nggadhah pambegan menapa ingkang sampun kita
aturaken dhumateng bangsa kita.
Para rawuh ingkang kula kurmati
Kangge ngisi kamardikan punika, kita minangka siswa/i Indonesia mangga
sesarengan nggadhah rasa sosial dhumateng pepadha. Rasa sosial menika saged
kita wujudaken kados:paring kinurmatan marang guru-guru , tiyang sepuh, luwih-luwih pahlawan bangsa kita,
sami nglestarekaken budaya utawi nilai-nilai tradisi bangsa ingkang kinakar saking budaya daerah, nggih kados basa Jawi menika,
njagi kautuhaning persatuan saha kesatuan bangsa, lan sapanunggalanipun.
Menawi tiga menika minimal sampun ditindakaken kaliyan pemuda/pemudi Bangsa Indonesia, Insyaallah kamardikan bangsa ingkang mituhu saged dipun raosaken dening sedaya warga masyarakat Indonesia. Amargi sakmenika budaya globalisasi sampun kathah anjalarwonten jiwaning pemuda/pemudi Indonesia, mula budaya global ingkang negatif punika cepet sanget ngrisak moraling anak negeri. Ingkang penting sanget inggih punika kita kedah njagi persatuan kaliyan generasi muda sami wonten saindenging nuswantara saha mboten ambeda-bedakaken sedherek-sedherek kita supados Nagari Indonesia saged gemah ripah loh jinawi saha dados andakara wonten donya punika.
Sedherek-sedherek ingkang minulya,
Kula kinten sampun cekap ingkang saged kula aturaken. Kula ugi nyuwun gunging samudra pangaksami menawi wonten pitutur kula ingkang mboten sekeca wonten penggalihipun para rawuh sedaya.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
0 komentar:
Posting Komentar